- Langkung rumiyen Bp. ............. sarimbit angaturaken pujo puji syukur dumateng Pangeran, sampun katitik ing wekdhal puniko saged angajangi pawiwahan upacara serah-serahan.
- Ingkang kaping kalih, kulo pribadi tuwin Bp. ............. sekalian anganturaken pambagyo rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadoyo, ingkang sampun mlarapaken syarat sarana pasrahan saking ndalem dumugi ning wisma nipun Bp. ............. puniko.
- Kaping tiga nipun, sampung dipun tampi atur salam taklimipun Bp. ............. sekalian ingkang lumantar panjenenganipun Bp. ............. semanten ugi Bp. .............. skalian angaturaken salam taklimipun katur wonten ngarsanipun Bp/Ibu ............. Kanthi pepuji mugi-mugi tansah pinaringan nugrahaning Pangeran ....
- Kaping sekawan, Bp. .............
angaturaken matur nuwun ingkang tampa pepindhan, Bp.............. sekalian
kersa hangenthengaken bot karepotanipun Bp. ................. ingkang punika panampi
pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanti suka renaning penggalih. Mbok
bilih sadaya wau dumugi ing damel sri penganten kekalih bade kadaupaken.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bp. .............. sekaliyan panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun anglajengaken suka pari suka lelenggahan kanti mirunggan ngantos paripurnaning pahargian punika.Minangka puputing rembak, mbok bilih angaturaken panampi punika tasih kathah cicir ceweting tuwin kuciwaning atur awit cupeting nalar kidunging pamanggih. Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lubering samudra pangaksami.Wasalamu’alaikum Wr. Wb.Nuwun
Saturday, 7 April 2012
DRAFT PROSESI LAMARAN BAHASA JAWA
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment